Senin, 22 Oktober 2018

[FILM] Yowen Ben: Ajang pembuktian mereka yang pernah diremehkan



 (sumber gambar: Wikipedia)

Telu kata, Film Kocak Pol!!! Aq wes mari nontok ambi bojoku. Sampe kemekel nontok'e jan 😅😅.
 Berhubung film iki atek bahasa jowo, aq ngreview'e yo atek bahasa jowo😁.
Dadi lak awakmu pas stres, mangkel, sumpek, nelongso, opo jare arek jaman now iku 'galau', mendingan daripada awakmu ngrusulo ae, film Yowis Ben iso dadi hiburan seng iso nggarai ngguyu kemekel. Dialog'e koplak, tapi film iki tetep iso nyampekno pesen moral seng apik.
Bayu Skak dadi peran utama. Kowe pasti ero kan de'e youtuber terkenal seng wes 'ngartis'. Bayu dadi bocah SMA seng gak ganteng tapi percaya dirie kenemenen. Wong de'e seneng wong wedok ayu, yo wani ngkei puisi lan nembak, masio diisin-isini nag kelas liyo. Bayu dijuluki pecel boy, soale biasae nggowo bakulan pecel dodolane ibuke.
Bayu duwe sahabat plek, jenenge Doni, wong sogeh tapi de'e kurang perhatian lan disepelehno wongtuwone. Doni mangkel pisan dibanding-bandingno ambi adikke seng dianggep luwe berprestasi.
Bayu lan Doni pengen uripe iso luwe diajeni. Terus nduwe ide nggawe band. Butuh loro tambahan anggota.
Akhire mereka iso ngolehno loro tambahan anggota. Jenenge Yayan lan Nando.
Yayan alim pol, ruajin sem
bahyang, senengane nyebutno asmane Pengeran. Lak Nando seng paling becik raine, ganteng jan. Akeh adegan lucu pol. Opo maneh iso oleh jeneng band 'Yowis Ben' iku sakjane gak disengojo, lha wong papat iku eker-ekeran nentukno jeneng.
Film perjuangan bocah nggolek pembuktian bahwa mereka iku layak diajeni.
Puncak konflik film iki pas Bayu cidek karo Susan maleh nggarai kekompakan Yowis Ben runyam.
Tapi engkok hepi ending kok. Tontoken ae ta.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar